Inspirasi - Petuah Bapak untuk Anaknya

Pas lagi gugling cari inspirasi&petuah, Ane nemuini artikel ini gan, tapi maaf Ane lupa sumbernya.
karna udah lama banget guglingnya&lupa kasih sumbernya..
 
Anak ku ! Bapak meling lan kudu tansah eling :
Eling kudu tansah semende marang pepesten.
Eling kudu tansah pasrah ing allah.
Eling kudu rumangsa mung dadi titah.
Eling kudu rumangsa sadermo nglakoni.

Eling kudu tansah sabar narimo, narimo ing pandum.Eling kudu tansah lilo legowo biso gawe seneng atine liyan.
Eling kudu mulat saliro.
Eling kudu welas asih ing sapodo-podo.
Eling kudu biso ngregani marang liyan sumanak lan sumadulur.
Eling kudu ngerti lan tansah nganggo toto kromo. Toto susilo. Unggah ungguh. Andhap asor.Eling kudu tangguh , tanggan. Tanggon.
Eling kudu taberi , nastiti , ngati2.
Eling kudu tansah ngugemi janji.Eling kudu seneng tetulung, seneng dedana marang kang merlokake.
Eling ojo kementus , umuk , keminter . Arep menange dewe.
Eling ojo dumeh , sumakeyan. Adigang, adigung. Adiguno.
Eling ojo dakwen. Drengki , srei , jail methakil.
Eling ojo nganti klewat seneng. Klewat susah utawo samubarang kang nglewaji wates.Eling ojo mo limo.
Eling ojo gawe kapitunaning liyan. Clemer. Colong jupuk , ngapusi.
Eling sing sopo ngapusi bakal kwaleh.
Eling wong urip bakal mati.
Eling sing sopo nandur bakal ngunduh.
Eling sing sopo salah mesti bakal seleh. Sing goroh mesti growah.
Wis Cukup semene , anak ku.
Wis awan...
Gek di paculi sawah elor kae...

Semoga bermanfaat&menginspirasi.. Amiin.. :)

Follow My Twitter: @tomiutomo

No comments for "Inspirasi - Petuah Bapak untuk Anaknya"